Filosofi Kopi (NGOPI)



Menungso kuwi sejatine kurang siji....yoiku: NGOPI iku tegese (Ngolah Pikiran), mulo kopi iku rasane Pait.

Nanging sak pait-paite kopi.. isih iso digawe  LEGI ( Legowo ning ati ) / berlapang dada hatinya.

Carane kudu ditambahi GULO (Gulangane Roso)/ Mengelola perasaan baik
Sing asale soko TEBU (anteb ning kalbu) / mantab hatinya

Banjur diwadahi CANGKIR (Nyancangne piKIR). Menguatkan pikiran
Trus di siram WEDANG (wejangan sing marahi padang) / Nasehat yg menentramkan hati 

ojo lali di UDHEG (Usahane ojo nganti mandeg )/Usaha jangan sampai berhenti Anggone ngudheg nganggo SENDOK" ( Sendhekno marang sing nduwe kautaman)/ Pasrahkan pada Yang Maha Kuasa Dienteni ben rodo  ADEM ( Ati digowo lerem ) / Hati jadi tenang

Bar kui diombe SERUPUT (Sedoyo Rubedo bakal luput) / Semua godaan akan terhindar

Meniko falsafahipun KOPI
Ayo ngopiii....
Wilujeng ... sehat, tansah binerkahan Gusti Allah kang moho welas lan asih.

0 Response to "Filosofi Kopi (NGOPI)"

Posting Komentar